Menyang kontèn

Sundarbans

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sana Warisan Donya UNESCO
The Sundarbans
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
Sungai di Sundarbans
Sungai di Sundarbans
JinisNatural
Wewatonix, x
Rujukan798
Tlatah UNESCOAsia
Sujarah prasasti
Prasasti1997 (Sési 21)

(Shundorbôn) The Sundarbans ya iku muara alas bako kang gedhé dhéwé ing donya.[1] Saliyané iku, Sundarbans uga minangka sawijining Taman kang dadi panggonan pelestarian macan lan tuwuhan biosfer.[1] Taman iki dumunung ing delta Sundarbans ing nagara pérangan Bangladesh Divisi Khulna.[1] Wewengkon iki minangka wewengkon kang padhet amarga ditutupi déning alas mangrove, lan minangka salah siji cadangan kang gedhé dhéwé tumrap macan Benggala.[1] Iki uga dadi omah tumrap pirang-pirang manuk, spésies reptil lan invèrtebrata, kalebu baya banyu uyah.[1]

Sekitar rong puluh jinis saka seket enem jinis mangrove kang tinemu ing donya, urip apik ing Sundarbans [2] Vegetasi mangrove iki lumrahé diidentifikasekake ing alas campuran, alas bako, alas pasisir, alas udan teles lan alas suket alluvial.[3] Déné kali ing Sundarbans ya iku panggonan panemone banyu asin lan banyu tawar. Mula wewengkon mau minangka wewengkon transisi antarané banyu tawar saka kali-kali kang asalé saka Kali Gangga lan banyu tawar saka Teluk Benggala.[4]

Vegetasi mangrove mbantu pambentuke daratan anayr lan vegetasi iku mainake peran wigati ing morfologi rawa.[1] Kegiyatan tuwuhan mangrove iki bisa ngrembakake fitur mikromorfologi kanggo nyipta substrat bibit mangrove. Morfologi lan evolusi saka bukit eolian dikendalekake déning tuwuhan xerophytic lan halophytic.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 Pasha, Mostafa Kamal; Siddiqui, Neaz Ahmad (2003), "Sundarbans", ing Islam, Sirajul (èd.), Banglapedia: national encyclopedia of Banggaladésa, Dhaka: Asiatic Society of Banggaladésa, ISBN 9843205766, diarsip saka sing asli ing 2008-10-16, dibukak ing 2011-08-22
  2. ↑ "www.bforest.gov.bd/highlights.php". Diarsip saka sing asli ing 2004-12-07. Dibukak ing 2011-08-22.
  3. ↑ UNDP, 1998. Integrated resource development of the Sundarbans Reserved Forests, Bangladesh. Volume I Project BGD/84/056, United Nations Development Programme, Food and Agriculture Organization of the United Nations, Dhaka, The People's Republic of Bangladesh. 323 p.
  4. ↑ Hussain, Z. and G. Acharya, 1994. (Eds.) Mangroves of the Sundarbans. Volume two: Bangladesh. IUCN, Bangkok, Thailand. 257 p.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Situs Warisan Donya ing Banggaladésa